Ki Hajar Dewantara kuwi sawijining pelopor pendhidhikan kanggo kaum
pribumi Indonesia ing zaman penjajahan Walanda.
Lair
nalika tanggal 2 Mei 1889, kanthi asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar
Dewantara ngadegake perguruan Taman Siswa sing menehi kesempatan marang pribumi
supaya bisa oleh pendhidhikan kayadene priyayi utawa wong-wong Walanda.
Ki Hajar
Dewantara kagungan tulisan sing misuwur yakuwi “ Yen Aku Wong Landa ”
(irah-irahan asli: Als ik eens
Nederlander was ), kang isine protes marang Walanda, dipacak ing surat
kabar de Express duweke Dr. Douwes Dekker taun 1913. Artikel iki ditulis
jroning konteks rencana pamarentah Walanda ngumpulke sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu kuwi isih
durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Amarga
tulisan iku Walanda nesu. Ki Hajar Dewantara banjur arep dibuwang ing Pulau
Bangka (saking permintaan Ki Hajar Dewantara). Nanging, Douwes Dekker lan Cipto
Mangunkusuma ora setuju. Amarga iku, Ki Hajar Dewantara, Douwes Dekker lan
Cipto Mangunkusuma langsung dibuang ing negara Walanda.
Ki
Hajar Dewantara kagungan semboyan ingkang misuwur, yaiku :Ing Ngarsa Sung
Tuladha kang tegese pemimpin bisa dadi patuladhan sing becik tumrap andhahane,
Ing Madya Mangun Karsa Pemimpin bisa paring pituduh, panemu, wawasan, supaya
sing dipimpin bisa nindakake jejibahan kanthi becik, Tut Wuri Handayani.
Pemimpin bisa ngawat-awati, paring panyengkuyung supaya sing dipimpin gumregah
nindakake jejibahan.
Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata,
désa Mlati, Sleman, Yogyakarta.
Tanggal lairé, 2
Mei,
sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar
Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa
dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998
Trima kasih
BalasHapusthanks
BalasHapus